Lagi pengin nostalgia, lah. Yuh, kanda dolanan jaman gemiyen. Aku tah pan ngaku, lah. Gemiyen, ngger dolanan aku seringe dadi pupuk bawang. Soale ora bisanan. Dolanan yeye, ora tau nyandak. Wong dolanan yeye sa-PPO alias sa-wudel be sering mil, bolak-balik nyenggol karete. Mulane lagi SD tes lompat tinggi be kayonge mung bisa sangangpuluh. Ngger dolanan yeye, palingan nganggo jurus cacakan kena nggo muang. Kaya jajalan ngonong, lah! Tapi, yen ora mil, dianggep wis muang alias wis maen. Angger wis dhuwur ya mung mbonceng. Pimen carane mbonceng? Carane, bocah sing pinter dolanan yeye dikongkon muang ndisit, trus ngko karete ditarik mengisor ben bocah-bocah sing mbonceng bisa liwat. Dolanan sumpring luwih-luwih. Ora bisa babar blas! Sumpring, sih, apa? Kuwe, loh, sing kaya lompat tali. Nganggone karet gelang sing direnteng.
Sing lumayan bisa tah dolanan jangka. Patahe biasane nganggo pecahan gendheng atawa asbes. Yen ora ya pecahane ternit. Ngarti ternit belih? Belih ngarti? Mana sekolah ndisit ben ngarti! *awagan* Tapi saiki wis rada klalen. Ngger wis pol polan kue arane gunung apa dudu, yah? Kuwe, loh, sing ditulisi siji nganti lima apa sepuluh. Lah, angel critane.
Dolanan liyane, rok-rokan. Mbuh ningapa bisane arane rok-rokan. Apa gara-gara sing dolanan pada nganggo rok kabeh apa pimen? Padahal bocah lanang ya ana sing melu dolanan. Aku paling seneng dolanan rok umpet. Dong malem Minggu rame nemen sing melu dolanan rok umpet. Tempat sing nggo jelong (apa, yah, arane?) biasane nang leneng ngarep umahe aku. Sing dadi ngko madhep leneng, merem, trus ngetung siji nganti sepuluh. Bocah-bocah liyane pada mlayu umpetan. Ngko sing dadi nggoleti bocah-bocah kuwe. Nah, yen sing dadi lagi nggoleti, bocah-bocah sing posisi umpetane adoh sekang posisi sing dadi, langsung mlayu mareki leneng trus ngomong, "Jelong!" Ngger wis kaya kuwe, berarti bocah kuwe pembalap. Pembalap, sih, pimen? Pokoke ngko yen wis ketemu kabeh, kan, ngko sing dadi madhep leneng maning, trus bocah-bocah liyane ngadeg runtungan nang mburine. Ngko sing dadi nyebut angka, misale lima. Berarti sing dadi bocah sing ngadeg urutan nomer lima. Tapi, yen bocah kuwe pembalap, berarti sing dadi, ya, bocah sing mau dadi. Paham belih? Contone yen sing dadi pertama kuwe A. Trus, Nanang nyebut nomer lima. Nah, jebule sing baris nomer lima kuwe aku. Aku kan pembalap, wis jelong sadurunge A weruh aku. Berarti aku ora dadi. Sing dadi A maning. Paham belih? Ngger esih belih paham, yuh, dolanan bae!
Ngger bengi ya biasane aku dolanan Jamuran. Pirang-pirang nemen dolanan jamuran kiye. Ana jamur kursi, jamur parud, tur jamur apa maning, yah? Klalen. Sing rada wagu, ya, jamur parud. Bocah-bocah sing ora dadi pada baris trus sikile salah sijine ditekuk memburi (kaya pan dengklek). Ngko sing dadi ngitik-itik tlapakane bocah-bocah kuwe. Sing gemuyu dadi.
Trus, ana dolanan apa maning, yah? Ana dolanan lepetan, tapi klalen lagune pimen. Kelingane malah dolanan sing nembange "aku orang kaya, aku orang kaya" trus ngko kelompok sijine nembang "aku orang miskin, aku orang miskin". Pokoke lucu, lah. Trus, ana maning dolanan sing kaya "cublak-cublak suweng" tapi tembangane sejen. Tembangane kaya kiye, "seklenthungan maning bayem bangkang kejebur blumbang". Karo dolanan kacang panjang. Nembange "kacang kacang panjang sing panjang dadi. kacang kacang pendek sing pendek dadi".
Apa maning, yah? Lah, kesel critane.
Saiki wis laka dolanan jaman biyen kaya kue, mbag! ( nganggo 'g' men katon ngapaké )
BalasHapusbocah senengè wis pe esan, cekelanè hapè, tlepon2an, sms2an, pesbukan, apa maning ya? Klalen! Hehehe
iya, adiku be wis ora tau dolanan kaya kue.
Hapuseh, eksak kiye asline endi, sih? emang wong kendal bahasane ngapak? ora kan?
Waah .. apa artinya yak? :D
BalasHapusHehehe, itu cerita tentang macam2 permainan saya waktu kecil..
HapusAngel mocone @_@
BalasHapusBasane akeh sing bedo.
Pupuk bawang iku nak ning Jogja arane bawang kothong.
Mbiyen aku dolanane cublak-cublak suweng, engklek, mbuh apa maneh liyane...
Ojo dibandingke mbek Jogja, Na. Bedo biyanget :D
Hapusbocah seki dolanan hp... ora ngerti jethungan, jamuran, benthik, gatheng, cublak-cublak suweng...
BalasHapusSaya juga nggak ngerti jethungan sama benthik, Pak..
Hapusmaaf...ada edisi bhs nasionalnya gag... :D
BalasHapussoalnya sya ngerti mb :)
happy blogging!
sorry...maksudnya sya gag ngerti mb :)
HapusWah, maap. Cuma ada edisi ngapak. Kalo diterjemahin pun agak susah..
HapusEh aku agi diklat nang bps kie sewulan ... sing nang lenteng agung ...
BalasHapusEh, kok bisa? Diklat apa, Um?
Hapus