Jumat, 16 Maret 2012

Gara-gara Ngelih

Aku ngelih, sung! Lagi esuk ora sempet sarapan. Eh, kancane aku malah olih ngomong enak nemen, "Lagian dirimu dateng pagi bukannya beli sarapan dulu." Gawe enek nemen, sung! Genah lagi ngelih, lagi sewot, malah diganyami. Dingein panganan tah apa, kiye malah diganyami. Pengin ndupak nemen, sung! Nyetili nemen, lah, pokoke. Pengin ngomong, "Remu, tah, orang ngerti rasane. Ngko dong remu sing ngranapi nang luwih nlangsa lan luwih dugalan tinimbang aku." Kweh, ya! Sangkin dugale nganti ora ngundang koen maning tapi ngundange remu, singkatan sing 'raimu'. Kasar nemen, yah!

Sing arane wong ngelih kuwe gampang nemen dugal. Mulane, aja macem-macem karo wong sing lagi ngelih. Apa maning yen ngelihe wis stadium papat. Ngko aja-aja koen sing dipangan! Tapi aja watir. Aku tah ora doyan daging uwong, ora bakal mangan koen. Mending mangan ayam mbuh iwak.

 Lanjut maning ceritane, lah. Wis lagi esuk ora sempet sarapan, mau ya pan tuku cemilan ndilalah tokone wis pada tutup. Wonge pada Jum'atan. Lah, kayong tambah ngelih plus tambah dugal nemen. Pan mangan ora sida sida. Mau mung mangan jajan tok, warege ya mung sedelat.

Kena nggo pelajaran, lah. Mbesuk maning sing rada peduli karo wong liya. Ngger ana sing ngomong "ngelih" ya ditawani jajan mbuapa nggo ganjel weteng. Melas. Wong wis ngranapi dewek, ngelih kuwe ora enak.

6 komentar:

  1. Apa2nan kie, ah! Ganing wongé dhewêk? Nyong kira tah wong kana, aceh kana! Bhahaha....

    Asliné wongndi, mbag? Huhuhu, ngelih ya balik baèlah! Bhahaha

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahaha, asline wong Brebes. Nulis mbak-ne biasa bae lah, ora usah nganggo 'g' :p

      Hapus
  2. Mampir ngonku bae mbak, akeh panganan hehe...

    BalasHapus
  3. hehehe.... ngelih stadium papat kuwi medeni ya....

    BalasHapus

Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!