Kuliah enak apa ora? Hahaha, kayong angel yah njawabe.
Ana enake ana orane, sih. Enake ya bisa sering balik. Yen nyambed gawe alias kerja nang Aceh, balike paling setahun mung pindo. Saiki barang kuliah kayong pan saben wulan balike. Kaulan. Terus enake ya bisa nambah ilmu. Yah, nambah setitik mbuh apa lah. Terus ketemu wong-wong anyar. Apa maning aku kuliahe dudu beasiswa instansine dewek, olih sing instansi liya. Dadine ya ketemu kancane dudu mung wong sa-instansi. Dadi krungu gosip sing instansi liya. Olih tugas ya bisa dolan-dolan maring kantore wong liya. Terus, barang kuliah dadi ganti suasana. Biasane esuk-esuk wis di-sms ditagih pegaweyan. Saiki tah laka sms tagihan kaya kue. Paling sms penipuan hadiah karo sms nawani utang.
Terus, ora enake? Ora enake kuliah ya mumet, kesel. Semester pertama tah tugase esih rada nyante. Tapi, tugas bar UAS-e ya ora umum, sih. Liyane wis pada libur, nyong karo batir-batir esih nang kampus. Bagjane njaluk ben dina Sabtu-Minggu kampuse dibuka. Barang semester loro, dosene kayong lomba ngein tugas. Bolak-balik kumpul nggo nggarap tugas kelompok. Senen kumpul PSSI, Selasa kumpul MIK, Rebo kumpul PITI, Kemis ora kumpul kelompok tapi tetep setres nggarap tugas MPPI. Kaya kue lah kira-kira. Esuk-esuk wis kumpul nang kampus nggarap tugas. Kadang yen dina libur ya kumpule nang Mekdi nganti jam-jaman, nganti ditawani refill nang pelayane. Padahal kumpul ya biasane mentok. Ora jelas mbahas apa. Yen setres mikir MPPI ya mung setres tok. Digarap tah ora. Mung donlod-donlod paper-e uwong, tapi ora diwaca. Terus gara-gara akeh tugas dadi ora bisa tangi awan soale esuk-esuk wis dijak kumpul kelompok. Padahal gemiyen pengin kuliah ben bisa tangi awan, hehehe. Balike ya dadi bengi-bengi.
Yen ana ora enake, berarti nyesel kuliah? Ora laaah. Tetep seneng. Setres, sih, yen mikir karya akhir. Tapi, yen ketemu kanca-kanca ya dadi ora patia setres. Tuli, setres-e kuliah sejen karo setres-e nyambed gawe. Yen nyambed gawe, urusane karo wong pirang-pirang. Akeh sing bisa nggawe sewot. Pegaweyan telat bisa gara-gara wong liya. Yen kuliah, paling urusane karo dosen. Tugas telat ya biasane gara-gara salahe dewek. Ora perlu nyalahna wong liya. Terus, hawane sejen. Mbuh ya ningapa bisa sejen. Ndean yen kanca-kanca kuliah kan setipe, tingkat pendidikan karo jurusane mirip, dadine pola pikire ya ora patia sejen. Yen nang kantor kan latar belakang pendidikane sejen-sejen nemen, dadine pola pikire sejen. Gampang ora cocoke.
Yen, seneng kuliah, berarti pengin nglanjutna kuliah maning? Ora lah. Kesel. Kayong wis ora bisa mikir abot-abot maning.
Kalo udah lulus biasanya bilang enakk, tapi disuruh lanjut maneh emooh hihihi. Paling berat skripsinya itu loooh
BalasHapusetapi masih banyak temen saya yang pengen lanjut lagi :D
Hapusenak sih tapi aku juga gak lanjutin lagi skr hehehe. Mautapi waktunya keteter (alasan)
BalasHapusibu-ibu emang biasanya hambatannya waktu ya kalo mau kuliah.
Hapusdadi kelingan jaman sih kuliyah mbiyen, sing paling ngangeni iku nek ana seminar, rame rame, akeh pangananne hhahahaha .... :)
BalasHapusPostingane keren, nganggo basa daerah, Salut :)
enak kampuse mbak, seminar entuk panganan. beda karo kampusku mbiyen.
HapusNganti ditawani refil maring pelayane? Muahaha Mbok yaaa nang taman ngerjaknane lhooo.
BalasHapusyen nang taman kan ora nana colokan listrike mbok..
HapusSemangat aja yah Mbak buat kuliahnya! Ntar kalau udah kelar, jadi memori indah kok. Hehehe.
BalasHapustengkyu nuel. iya, bakal jadi memori indah kalo udah lulus.
Hapusawal awalnya sih enak kuliah. kalau dah lama nggk enak lagi bak, hehehe. bosan.
BalasHapussemangat kuliahe mba mill. kapan balik ning brebes? mbokan bisa ketemuan ning tegal owh. hehe
BalasHapus