Rabu, 28 Agustus 2013

Ponakan

Lagi liburan bada wingi aku balik maring Brebes. Pas kakange aku loro-lorone lagi nginep nang umah. Otomatis anak-anake ya pada nginep nang umah. Ponakanku ana telu, wadon loro, lanang siji. Sing lanang arane Umar. Esih cilik, embuh pirang wulan umure. Kayane tah durung ana nem wulan. Maklum, bulike klalenan dadi ya ora apal umure ponakane. Sing wadon loro, arane Mila karo Habibah. Mila umure wis patang taun, Habibah nembe rong taun.

Gemiyen tah aku seringe mung rudu karo si Mila. Si Mila seneng nemen ngurak-urak aku. Senenge ngomong, "Sana, Bulik pulang ke Aceh!" Nyong ya ora gelem kalah oh. Tak jawab bae, "Sana Mila pulang ke Siasem!" Umahe Mila kan nang Siasem. Yen lagi sentimen, aku nang ruang tamu diurak-urak, pindah maring kamar ya diurak-urak maning. Ngomonge, "Ini kamarnya Habibah!" Dumehe Habibah yen nginep turune nang kamar kue. Pokoke njelehi nemen lah ngger lagi nggara. Bocahe tah pinter, ngomonge ya wis canthas. Tapi, ya, kue... Ngger nggara kayong njelehi. Ngger aku lagi juwet ya tak omongi, "Yen pengin nangis kari nangis ka, ora usah luruh gara-gara." Hahaha, jahat nemen yah. Pimen maning yah. Aku kayong ora cocok ngemong bocah. Tuli si Mila ya ora kena dijak lunga-lunga. Dijak blanja tuku klambi maring Rita Mall be gegere ora umum. Njaluk balik bae padahal durung rampung blanjane. Yen dijak mandi bola tah ndean meneng, ora geger. Yah, arane be bocah cilik, ora betahan.

Yen si Habibah, gemiyen esih meneng. Esih cilik ndean yah dadine durung rewel. Saiki tah wis bisa tukaran karo si Mila. Biasane rebutan dolanan. Wis katon nakale. Pegaweyane nggal dina nang umah thawaf. Mubeng. Sing ngarep memburi, sing mburi mengarep. Kayong laka kesele. Sing gawe eram, awit gemiyen nganti saiki bocah kuwe ora gelem tak emban. Ndean gara-gara gemiyen sokan tak weden-wedeni, tak undang arane tapi suarane tak gawe-gawe. Nganti saiki orang gelem tak emban. Tapi, ora papa lah. Saiki wis ana Umar sing bisa diemban. Esih cilik dadi durung bisa protes, durung bisa mlayu yen pan diemban, hehehe... Tuli si Habibah ya wis mulai ora nurut. Apa pancen bocah seumuran kue pancen lagi wayah-wayahe bandel ya?

Tapi, ya, akale pada njelehi kaya kue ya tetep bae ngangeni yah. Yen adoh kangen, yen wis ketemu pengine nothok, hahaha!


13 komentar:

  1. Whihi sy ndak ngertiii hee maklum sy jawa tp jawabarat :p

    BalasHapus
  2. deneng ponakan
    mila mboklah rika..?

    BalasHapus
  3. Nggak ngerti mbak tapi ngomongin keponaannya ya?

    BalasHapus
  4. Translete kali mba, pantes aja ga banyak yang komen, ga banyak yang ngerti paling nih ngapak begini :v
    hahaha.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ini edisi khusus ngapak, Zaldy :p

      Gapapa kalo yang komen dikit. Biasa itu :D

      Hapus
  5. Weleh gak ngerti neng, tapi kayaknya keponakannya ngerti kali ya hehehe

    Translate bahasa sunda dong wkwkwk

    BalasHapus
  6. @ Lidya - Mama Cal-Vin: gak usah pusing dong :p
    @ Marchia Diandra: deuh, saya gak gape basa Sunda
    @ Anton: lah, yen kaya kitiran kesel sing ngindangi :D

    BalasHapus
  7. Saiki ponakane wis pada gede ya...sijine SMP sijine SD pan lulus ndean ya...esih sering tukaran ora Karo ponakane?Yen si Umar Pibe kabare?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iya, wis pada gede. Wis ora sering tukaran, wis pada nalar.
      Mbuh ya kabare si Umar. Wis pirang wulan ora ketemu.

      Hapus

Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!