Yen dieling-eling, akeh jajan sing saiki wis ora ungsum. Lugune tah awit aku cilik ya wis ora ungsum, ning esih ana sing dodol. Tapi, saiki kayane wis laka sing dodol blas. Contone opak idu. Lagi aku SD ana sing dodol jajan kiye nang ngarep sekolahan. Sing dodol wis tuwa, nini-nini. Opak idu bentuke kaya krupuk persegi panjang, warnane yen ora salah abang karo kuning. Nggawene ya dudu digoreng tapi dibakar nganggo areng. Pas dibakar, opake dijepit nganggo pring sing tipis (pokoke kaya kuwe, lah). Sing maune cilik, yen dibakar langsung megar. Bocah-bocah tah gemiyen senenge njajal mbakar dewek. Yen aku njajal mbakar dewek biasane ora patia megar, rada-rada kisut. Tuli bisane diarani opak idu? Mbuh kuwe. Ndean tah karna yen opake diemut langsung lumer dadi idu. Kuwe tah ndeaaan... Rasane manis. Mbuh bahane nganggo apa. Yen dirasa-rasa tah kayane ana tepung ketane.
Trus jajan apa maning yah? Oh, iya. Kripik tike. Kayane nganti saprene aku nembe rasan panganan kuwe sepisan mbuh pingdo. Arang-arang nemen sing dodol. Jare ibune aku nggoleti tikene angel, dadine ya arang-arang sing dodol. Terus, jarene kripik tike kiye nggawene sekang umbi suket, yen ora salah tah suket teki (rumput teki). Mbuh bener mbuh ora. Rasane manis gurih. Bentuke ya kaya opak sing ngganggo bodin, mung rada cilik.
Trus ana siji maning: blendung. Blendung kiye jagung pipilan sing digodhog (eh, digodhog apa dikukus, yah?) trus dingein klapa sing wis diparud. Biasane klapane wis diuyahi. Saiki kayong wis laka sing dodol, padahal tah jagung pirang-pirang. Ndean wong saiki senenge jagung sing digawe brondong, ora seneng jagung sing digawe blendung. Padahal rasane maknyus. Maregi pisan.
Trus ana maning: jolang. Panganan sing siji kiye tah aku ora patia seneng. Tapi, ya, angger laka jajanan liyane ya tetep dipangan, hehehe... Nggawene nganggo bodin (singkong) trus yen ora salah dingein gula jawa trus diklapani. Gemiyen ana sing ider nang komplek umah, tapi saiki kayane wis ora dodol jolang maning.
Saumpama ana sing dodol jajan-jajan kuwe, esih payu ora, yah?
itu deneng ora nana sing wawuh jajanane...
BalasHapuswawuh apa artine kang? wawuh = ngerti?
HapusWawuh = petuk mbokan ndah :D
HapusBlendung ki yen nanggonaku jenenge grontol ndah.
Aku nyari di Google katanya wawuh = petuk, tepung
HapusAku mikirnya kalo tepung itu kan sama kaya kenal ato ngerti. Gitu...
walah aku gak ngerti nih postingannya
BalasHapushehehe
Hapusapa ya artinya?
BalasHapusAja kelalen menirane, apem karo lapis plus marneng. Ngemutna jaman lagi cilik mbiyen. Jan, cempulek wong ngapak yah? Ya wis salam kenal bae:)
BalasHapusYen marning tah alot, males mangane :D
Hapuswong ngendi njenengan gan? kok kyo boso wong tegal..:D
BalasHapusWong Brebes, kang :p
Hapusbrebese ngendi kie aku pernah singgah di brebes tempat temanku ali musae cari aja namanya di facebook
BalasHapushehehe, jadi saya mesti nyari tau tentang temennya opickaza, gitu? maleeeeees...
HapusKie maksude opo yo nggawe boso jowo...?? :|
BalasHapusgak ada maksud apa2 kok :p
Hapuskagak ngerti bahasa jawa aku, jangan lupa kunjung balik ya :)
BalasHapusmales ah :p
Hapussumpah mbak dalem badhe tumut perso menawi njenengan nggadipun gambar sumonggo dipun upload supados o dalem saget perso mbak :)
BalasHapuswah, kulo mboten kagungan gambaripun :D
HapusAku yen ora ngerti boso jowo, iku tentang jajanan masa kecil ya Mbak?
BalasHapusLebih tepatnya tentang jajanan yang sekarang sudah sulit ditemukan lagi..
HapusWadoohh...translate di google translate bisa gak neh?hihi
BalasHapusKayaknya Google Translate belum bisa nerjemahin bahasa ngapak :D
Hapusaku paling seneng blendung karo menir mbak ...
BalasHapusMenir sing kaya apa ya?
Hapus