Aku lagi seneng nganggo Basa Inggris. Gara-gara lagi seneng genaunan
Basa Inggris. Sapa ngerti olih bojo bule. Tuli, aku, ya lagi seneng nonton
pilem barat dadine sokan ilon-ilon omongane wong sing nang pilem. Belih moni
keminggris, ya. Mung kayonge enak bae nganggo basa kue. Luwih sopan rasane. Biasane
nyong nganggo basa kue yen nggremeng dewek. Contone yen ngomong “bullshit”.
Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak, dadine “tai kebo” atawa “tlepong”. Kayong
njijeni nemen, oh, ya! Atawa yen ngomong “it doesn’t make sense”. Diterjemahna
maring Basa Indonesia dadi “tidak masuk akal”. Esih enak, sih, dirungokna. Tapi,
tetep luwih enak nganggo Basa Inggris. Kayong keren. Nah, yen nganggo Basa Jawa
ngapak dadi ora keren babar blas. Dadine “ora mlebu ngutek”. Ora keren, kan, yen
dirungokna? Atawa yen ngomong “I don’t give a damn”. Angger diterjemahna maring
Basa Jawa ngapak biasa dadi “ora urusan” atawa “pan belih temen” atawa “mbuh
bae”. Lah, yen diterjemahna maring Basa Jawa ngapak versi curanmor dadine “ora
urusan, ora urunan, ora duwe duit”. Ora keren ora acan, lah.
Apa maning yen lagi dugal, pengin ngganyami uwong. Ngganyami uwong
nganggo Basa Inggris kue rasane kayong luwih sopan, keren, tapi tetep bisa
kasar. Pimen kue? Angger ana wong sing gemerah bae atawa kakehan cangkem, kari
ngomong “shut up!!!”. Yen nganggo Basa Jawa dadi “mingkem!!!”. Kurang keren tur
kurang kasar. Yen nganggo basa curanmoran pada bae karo ngomong “aja reang!!!”.
Kiye, ya, kayong kurang galak. Tuli angger ana wong makha-makha, kari ngomong “what
the hell are you doing?” Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak. Dadine “raimu lagi
apa donge?” Kasar nemen, oh, ya?
Basa Inggris ya kayong luwih romantis tinimbang Basa Jawa ngapak.
Contone kalimat “I love you”. Jajal yen nganggo basa Jawa ngapak. Dadine “nyong
seneng karo kowen” atawa “nyong demen karo rika”. Idilah, kayong ora sedep
nemen dirungokna. Atawa kalimat “you’re my sunshine after the rain”.
Diterjemahna maring Basa Jawa ngapak dadi “rika cahaya srengengene nyong bar
udan”. Wagu nemen.
Tapi, ya, tetep angger ndopok karo wong sing pada-pada ngapake, ya,
enakan nganggo Basa Jawa ngapak. Loken pada-pada bisa ngomong Basa Jawa ngapak
tungkula nganggo Basa Inggris. Ngko diarani keminggris.
Payah amek mangarati bahasohonyo kooo. Bantuak bahaso Jawa tapi agak lain pulo. >.<
BalasHapusmemang lain ko bahasonyo. harus berguru sama saya dulu biar ngerti :D
HapusGak kok, Milooooooooo.... Gak ganggu. Eykeh pan maen ke blog ini juga selain nyari hiburan, juga buat usil. Kali ada post yang bisa dikomen usil atau apa gitu. Daripada dilampiaskan ke hal laen. *apaan sik* :D
Hapus#KarenaBalesKomenDiBlogSendiriUdahTerlaluMainstream
#BlogSendiriKaloBalesKomenLangsungErrorEntahMengapa
Pan pertanyaannya bukan ganggu apa nggak :p
HapusJadi? Selama ini Qaqa cuma dapet hiburan di sini? Gak dapet inspirasi? Sungguh terlalu. *ya emang blognya isinya curhatan doang :D
*PukpukQaqaOctaYangGakBisaBalesKomenDiBlogSendiri
Jadiii...dirimu pakai bahasa Jawa ngapak tho mil?
BalasHapusDuh, si qaqa ini ke mana aja, masa nggak tahu saya ngapak? *macam artis aja gayanya*
Hapuswkwkwkwk... aku ya wong jawa, tapi ya kadang seneng juga ngomong basa inggris, keren dirungakna. :lol:
BalasHapusbener kan, kadang emang keren yen dirungokna :D
HapusKalau baca postingan mbak Mill basa ngapak gini harus pelan-pelan hihiiii
BalasHapusperlu berapa jam baru selesai baca?
Hapusinggris akses jawa ya :)
BalasHapusbukaaaaaaan!
HapusWhahahaha. . .
BalasHapusYg jelas gak ada Ko, Rika, Sampean, Njenengan. Coz, udah diwakili sama YOU.
Dan nggak ada dhahar, maem, mangan, madhang, sama mbadhog :D
Hapusroaming aku bacanya mbak, tapi tetep bisa bikin ngakak. Untung aku punya temen anak ngapak juga. Jadi, meski, enggak paham semua kata-per kata, bisa mudheng garis besarnya. :D
BalasHapuskalau misuh-misuh kayaknya memang lebih enakan pake basa Inggris og mbak. :v
misuh pake bahasa inggris tuh, nggak bikin ngerasa berdosa dan nyesel2 amat dibanding misuh pake basa jawa.
Yes! Ada yang ngakak baca ini.
HapusEmang, aku juga nggak terlalu ngerasa bersalah kalo misuh pake basa inggris dibanding pake basa jawa :D
aku ngakak karena... jangan-jangan, selera humor kita juga sama? XD
Hapussemoga selera makannya gak sama ya, biar gak rebutan makanan :D
Hapuswaduh
BalasHapuskenapa???
HapusIlate penak maca ngapak...:)
BalasHapus:)
Hapusenakan ngo Basa Jawa tinimbang basa Linggis yo? :D
BalasHapushehe, kalo misuh enakan basa linggis mbak :D
Hapuswahaha...dadine Janglish ya XD hidup ngapak! :))
BalasHapuspaklish = ngapak english :p
Hapussubhanallah nggayune... bungah temen rasane ketemu sedulur ngapak nang dunya awang-awang. salam kenal sekang banjarnegara yu...
BalasHapushehe, akeh kok wong ngapak sing ngeblog.
Hapus