Rabu, 03 April 2019

Crita 90-an

Yen maca artikel soal bocah 90-an nyong kadang mikir, salugune nyong mlebu bocah 90-an ora ya? Sing dianggep bocah 90-an kuwe sing lahir tahun 90-an apa sing pas 90-an esih bocah? Nyong tah ngaku bae, dudu lahir tahun 90-an. Tahun 90-an nyong antara pan mlebu TK nganti SMP. Berarti nyong mlebu bocah 90-an ora? Anggep bae mlebu lah, ya..


Tuli, yen maca tulisan soal tahun 90-an, nyong kadang rada ora nyambung. Ora rumangsa ngalami. Contone cerita soal dolanan gimbot (game watch), ana sing nduwene dhewek, ana sing nyewa nang paman-paman ngarepe sekolahan. Nyong ora duwe gimbot. Tau dolanan sepisan tok nyilih ndekene sedulur. Nyewa nang paman-paman ngarepe sekolah ya ora tau. Ana mbuh ora paman-paman sing nyewakna gimbot nang sekolahane nyong. Kayong ora patia kelingan. Nyong luwih kelingan jajanan tinimbang dolanan. Kaya jajanan sing yau tak critakna nang kene. Ana maning sing nyong ora ngalami: dolanan tamagotchi. Kayane nganti saprene durung tau weruh barange, Gemiyen mung maca artikele nang majalah Bobo.

Kadang ya nyong rada orang nyambung yen ana sing mbahas kartun apa pilem. Gemiyen tipine hitam putih, mung ana TVRI karo TPI. Ngger awan paling nonton drama Thailand: Lady of The Poor, Badai Asmara, karo apa maning mbuh judule, sing jelas lakone arane Mayawi. Saluran tipi liyane ora nyaut. Pan nonton Yoko be ngenteni ana bocoran sing tanggane sing nduwe parabola. Kadang lagi enak-enak nonton bocoran ujug-ujug salurane ganti. Nelangsa. Oiya, ngomong-ngomong soal bocoran, nyong dadi kelingan iklan sing sering metu pas nonton bocoran: iklan permen rootbeer apaaa ngonong. Gemiyen tah kakange nyong nembange "yang mulus yang nikmat permen rutbir dari gudal garing".

Sadurunge nduwe tipi berwarna sing ana antena UHF-e, nyong  sering andon nonton nang tanggane. Nonton Doraemon nang umahe Bu A. Nonton Satria Baja Hitam nang Bu B. Tuli nonton Maria Mercedes nang Bu C. Kadang lagi seneng-seneng nonton Maria Mercedes tipine dipateni sing nduwe, alesane tipine wis panas. Yen wis kaya kue ya balik. Ngger dieling-eling kayong nlangsa nemen yah. Pan nonton pilem be kudu andon nang tanggane tuli kadang nganti "diusir" gara-gara kesuwen nontone. Yen ora bisa nonton ya mung bisa maca sinopsise nang majalah Bobo. Nyong gemiyen nganti kepikiran karo tamate Satria Baja Hitam bar maca sinopsise sing episode Kotaro pan gelut karo kakange. Nganti saprene ora ngarti tamate. Tuli, gemiyen mung nonton pirang episode tok. Dadine yen dijak ngobrol soal Satria Baja Hitam ya rada-rada ora kelingan critane. Saint Saiya apa maning. Ora tau nonton. Barang nang umah wis ana tipi sing nganggo antena UHF dadi bisa nonton pirang-pirang. Tapi pertama tah mung bisa nonton RCTI karo SCTV. Suwe-suwe bisa nyaut Indosiar. Tapi, kayane malah dadi ora nyaut TPI. Bar kuwe pegaweyane nonton tipi tok. Kabeh-kabeh ditonton, awit kartun nganti sinetron.

Biasane akeh sing ngomong acara tipi tahun 90-an luwih bermutu dibanding tahun saiki. Padahal, yen dieling-eling acara tipi jaman gemiyen ya akeh sing ngein conto ora apik. Sinetron Tersanjung, lakone LKMD (lamaran keri meteng ndhisit). Maria Mercedes, musuhe jahate ora umum. Lady of The Poor, ana tokohe sing selingkuh, ana sing madat. Yen niat nggoleti sing ora apik tah mesti ketemune yah.

Ana maning sing sering dibahas soal 90-an: jajan. Sing paling kuna sing nyong kelingan tah permen bal, sing bungkuse kaya bola sepak. Nyong ora kelingan jajan sing luwih kuna sing kuwe.Sing paling terkenal Anak Mas. Jaman gemiyen tah nyong jarang-jarang tuku Anak Mas, soale larang. Kadang nyong tukune sing mirip karo Anak Mas, mereke Boyki. Mine luwih enak tinimbang Anak Mas. Terus anak coklat payung karo coklat ichiban. Tuli ana mi biting keding. Tuli ana jajan ciki sing hadiah Tazos. Eh, Tazos-tazosan tahun 90-an apa 2000-an sih? Tuli gemiyen tau pengin nemen tuku Nyam Nyam. Tapi ya arang-arang bisa tuku. Alesane ya biasa lah. Larang.

Wis lah. Kesel critane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!