Wingi aku olih sms sing nomere kakange aku. Basane nganggo basa kromo. Pancen dasare akune rada-rada mblunat, sms nganggo basa kromo yang diwalese nganggo basa ngoko. Padahal sing sms kakange, sing berarti luwih tuwa. Pimen maning, yah. Wis kulina awit cilik ngomong karo kakange nganggo basa ngoko, loken ujug-ujug pas sms nganggo basa kromo?
Tuli aku langsung mikir, "Aja-aja mau sing sms dudu kakange aku tapi bojone mulane basane kromo." Langsung tak sms maning nggo mastikna kuwe temenan sms-e kakange aku atawa bojone. Jebule pancen sms sing kakange aku.
Pancen angger wis kulina nganggo basa ngoko pan nganggo basa kromo kayong angel. Rasane wagu nemen. Padahal tah lagi sekolah SD nganti SMP diwarahi basa kromo. Tapi, ya, tetep bae aneh. Wong judule wis kulina. Aja maning karo kakange, wong karo Abah karo Ibu be seringe nganggo basa ngoko, ka. Yen ditakoni semaure "iya", "ora". Padahal wong-wong liyane yen ditakoni wong tua semaure "nggih" atawa "mboten". Paling ngger lagi bener pas ditakoni, "Wis mangan durung?" jawabe, "Sampun." Uwis, samono tok kromone. Bar kuwe ya ngoko maning.
Awit cilik ora dikulinakna ngomong kromo ndean, yah. Wong jare gemiyen sing momong aku ya ngomonge ngoko. Tapi, ya, ana sing lagi cilik diwarahi kromo tapi gedene tetep ngomonge ngoko. Adine aku gemiyen sing momong marahine basa kromo. Tapi wong batir-batire pada ngomonge ngoko ya adine aku ilon-ilon. Nganti saprene yen ngomong nang umah ya nganggo basa ngoko.
Angger karo wong sing ora kenal malah bisa nganggo basa kromo. Misale yen karo tangga atawa tamu. Yen karo sopir atawa kenet angkutan ya nganggo basa kromo. Misale ngomong, "Pak, mangke mandhap teng balai kota nggih," atawa, "Kantor A taksih tebih, Pak?" Karo wong tuwane dewek ora kromo karo wong liya malah kromo. Aneh, yah?
Tapi, ya, sangoko-ngokone ora nganti ngundang wong tuwane dewek "koen". Esih ngarti sopan santun setitik, lah. Ora nganti nganggo basa-basa sing mblunat, saru, pokoke sing normal-normal, lah.
Tuli ya yen pan ngomong ngoko karo wong liya sing dudu wong ngapak kayong rada ora sreg. Soale kadang basa kromone sejen. Basa ngokone sejen, basa kromone ya sejen. Kalah-kalahen ya nganggo basa Indonesia.
Itu Bahasanya Mbak Idah banget >_<
BalasHapusKayaknya rada beda deh. Ngapak daerah utara sama selatan agak beda kosa kata ama intonasinya, Un.
Hapussaya siap jadi anchornya
HapusAnchor? Pembawa berita?
Hapusowalah mba, aku mau komen tapi ora tau artine, piye iki?butuh translater :)
BalasHapushihihi, coba pake Google translate, bisa gak?
HapusBiasane mancen kaya kue, Mba.
BalasHapusSing jelas karo wong sing di "agungi" nembe basa, misale Pak Lurah, pak RT, tanggane. Padahal karo wong tuane dewek urung mesti basa.
Cokan aneh pancen. .. :)
Hahaha, jebule Idah ya pada bae yah, yen karo wong tuwane dewek malah ngoko. *nuduh
Hapusmenawi dalem, wonten nggriya dumateng tiyang sepah kedah ngagem basa krama inggil Mbak.
HapusWalah, langsung praktek kromo inggil ah bapake :)
Hapusitu ngapak kah mbak?? ora ngerti artine hehe padahal sering ngoko jawa timuran :D
BalasHapusIya, ini ngapak. Emang agak beda ama bahasa jawa timuran.
Hapustapi sebenarnya istilah ngapak kan nggak ada ya Mbak?
Hapussiapa sih yang bikin istilah itu ya
Yang bikin istilah ngapak itu orang Jawa wetan kayaknya, buat menandai orang Jawa yang kalo ngomong 'k' nya jelas. Kayaknya gitu...
Hapusowh wong jowo juga to mba? kirain orang Aceh hehe
BalasHapusCkckck, padahal saya sering posting pake basa ngapak, loh. Masa dituduh orang Aceh.
Hapusora ngertos saiki ngomong opo?
BalasHapus:)
Hapusalamaakk, ane rooamingg. T,T
BalasHapuspaling asyik jadi saya, Mbak.
BalasHapusibunipun kawula saking solo, bapake enyong sekang cilacap, bojoku asli sing Suradadi Tegal Bahari, teman-teman saya kebanyakan berbahasa Indonesia, and some of my clients from other countries.
Wah, garwanipun Pak Zach saking Tegal? Tegalipun pundi, Pak? *kromo maksa*
HapusEalah, jebul dah dibilang Suradadi Tegal :D
Hapuswalaaah ora ngertos :)
BalasHapuswalah opo to iki aku ra mudeng :-D
BalasHapusHehehe, edisi roaming :p
Hapusjebule sami mawon. XD
BalasHapusTapi sekarang aku agak mendingan mbak, kalo ngomong sama ortu dw, kadang seingat mungkin pake bhs krama. :3
Padahal kalo ngomong sama orang lain juga pake bhs krama. Tapi kalo bicara sama ortu dw, kayak ngomong sama temen sendiri saja. wekeke.
~moga-moga nggak kuwalat. >_<;
Aamiiiin. Semoga kita nggak kuwalat. *berdoa serius*
HapusPeiben sih mbakyune kiye..
BalasHapusMosok karo wong tuwa ngoko karo kernet bus malah kromo..wakakakak
*ngakak nganti guling-guling kiye...
Yah, maklum. Wis kulina awit cilik ngoko karo wong tuwa :D
Hapus