Rabu, 28 Juli 2021

Sandal Betat

Ana kabar penting: sandal jepite nyong betat. Dudu sandal sing nggo lunga-lunga, sih. Sing betat sandal sing bisa dinggo maring kolah. Pertama tah mung pada nglothok tok. Laka tanda-tanda pan betat. Eh, ujug-ujug wingi pas pan dinggo malah betat. Betate sing ora bisa didandani nganggo temitih. Yen kaya sandal swallow kan biasane mung ucul atau tugel cangkolan sing nang ngisor dadine bisa didandani nganggo temitih. Sandale nyong tah tugel gel.


Padahal sandale enak dinggo. Ora lunyu. Yen nganggo kuwe kayong ora kuatir keplarak. Tapi ya pimen maning. Wis betat dadine ora bisa dinggo maning. Padahal kayane durung ana telung taun dinggone. Eh, apa wis telung taun yah? Saiki sandal sing biasane dinggo nggo metu-metu tak nggo maring kolah. Gemiyen rada lunyu dadine nyong rada wedi nganggo pas udan. Bara-bara saiki wis ora patia lunyu, dadine dinggo maring kolah ya ora kuatir. Wis sering kena sikile nyong ndean yah dadine melu-melu kasar kaya tlapakane nyong.

Saiki nyong dadi mikir, sandal, akale sing betat mung siji, sing tengen contone, sing kiwa ya dadi melu-melu ora bisa dinggo, ya. Kudu waras loro-lorone, kiwa tengen. Yen diumpamakna kaya apa, yah? Mbuh, ora kaya apa-apa, lah. Sungkan mikir.

2 komentar:

Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!