Lagi wingi esuk critane nyong mlaku-mlaku maring pasar. Lagi pengin sarapan sega kuning, karo ngiras-ngirus olah raga. Jare dokter dikongkon mlaku minimal setengah jam nggal dina. Bar tuku sega kuning, aku mlaku-mlaku kaya bocah ilang soale mlakune durung nganti setengah jam. Ujug-ujug sandale nyong sing tengen betat. Sing betat pas bagian tengah.
![]() |
Sandal sing betat |
Pan balik kayong tanggung. Esih pengin mlaku-mlaku tuli pengin tuku kopi nang Kopi Ken*ng*n. Yen esih pengin mlaku-mlaku berarti kudu tuku sandal ndisit. Nggoleti warung kayong ora katon sing dodol sandal. Pas lagi mikir warung nyong kelingan nang ngiringane Kopi Ken*ng*n ana Alf*m*rt. Pas maring Alf*m*rt alhamdulillaah ana sandal japit sing ukurane pas. Tapi warnane kuning. Nyong kan ora patia seneng kuning yah. Ora papa lah. Daripada nyeker.
![]() |
Sandal anyar |
Ngomong-ngomong soal sandal betat, gemiyen ya sandal japite nyong ana sing betat. Sing betat pada bae sing tengen. Pas tak deleng posting-ane, jebule tahun 2021. Wis lawas nemen yah. Krasane kaya nembe taun wingi sandale betat tuli wingi ana sing betat maning. Jebule wis patang taun luwih. Wis wayahe tuku sandal anyar maning.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!