Tampilkan postingan dengan label Ngapak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ngapak. Tampilkan semua postingan

Rabu, 01 Juli 2026

Gara-gara Segu

Lagi piket, ora ningapa-ningapa ujug-ujug segu (cegukan). Pas ora nggawa banyu. Anane mung kopi. Terpaksa tuku banyu botolan nang kafe. Pas krungu regane kaget. Banyu 700ml regane 7000 perak. PITUNG EWU. Biasane nang minimarket sing 1600ml be ora anjog 7000, kiye sing mung 700ml regane 7000. Ora umum nemen. Njukut batine ora kira-kira.
Tapi wong lagi kepepet ya senajan regane ora umum ya tetep dituku. Tinimbang mlaku maning maring koperasi. Ora penak lunga suwe-suwe yen pas piket.
Alhamdulillah bar nginung banyu karo nahan ambekan, segune mari.
Tapi esih kurang ikhlas karo rega banyune. Mbesuk maning yen piket sangu banyu bae lah.

Sabtu, 31 Januari 2026

Selen

22 Januari 2026

Balik kantor udan deres. Pas numpak busway nganti mlebu kamar kos ora sadar babar blas. Barang metu sing kamar, weuh sandal nang ngarep lawang nembe sadar: sandale selen.



Senin, 20 Oktober 2025

Sandal Betat (2)

Lagi wingi esuk critane nyong mlaku-mlaku maring pasar. Lagi pengin sarapan sega kuning, karo ngiras-ngirus olah raga. Jare dokter dikongkon mlaku minimal setengah jam nggal dina. Bar tuku sega kuning, aku mlaku-mlaku kaya bocah ilang soale mlakune durung nganti setengah jam. Ujug-ujug sandale nyong sing tengen betat. Sing betat pas bagian tengah.

Sandal sing betat

Kamis, 19 September 2024

Ana Rega Ana Rupa, tapi Rupane Wagu

Sewot nemen nyong. Tuku klambi ka olihe sing bahane tipis, nrawang. Kayong percuma. Loken kudu nganggo dobelan saben nganggo? Wagu belih? Tuli ya sumuk yen nganggo kaos lengen dawa didobeli klambi lengen dawa maning. Sengit nemen lah. Pan dinggo ribet, pan dibuang eman-eman.
Niate tuku klambi sing ora patia murah, tuku sing regane satus. Ka jebule malah olihe sing tipis. Jarene ana rega ana rupa. Kiye rupane ka kayong ora cocok nemen karo regane. Njelehi.

Selasa, 23 Januari 2024

Ana Sega Ana Upa

Wis pirang minggu nyong seneng nonton live nang toko onlen oranye. Pertamane tah mung nonton tok, ora nganti tuku barang pas live. Eh, minggu wingi ka pas nonton live nganti tuku klambi pingdo. Sing pertama tah barange lumayan apik. Wong regane ya ora murah-murah nemen. Luwih sing seket ewu. Sing pindone barange regane mung Rp23.999. Ora nganti selawe ewu. Weruh barang murah nyong ya langsung check out. Barang barange wis anjog, jebule bahan klambine kaki nemen kaya bahan jas hujan. Ora umum lah. Pan protes ya pimen. Wong regane murah nemen. Ana sega ana upa, ana rega ana rupa. Regane murah ya aja arep-arep barange apik.

Minggu, 16 Januari 2022

Gara-gara Nggragas

Dina Rebo winginen, dudu Rebo wingi ya, wingine maning, nyong maring pasar tuli weruh rambutan. Kayong wis lawas ora mangan rambutan. Minggu wingine wis mangan rujak rambutan sih, tapi kan sejen ya yen dirujak. Daripada anjog kosan elom ora tuku, nyong tuku rambutan sabengket (apa satalenan ya arane? pokoke sing ditaleni) karo gedang.

Rabu, 28 Juli 2021

Sandal Betat

Ana kabar penting: sandal jepite nyong betat. Dudu sandal sing nggo lunga-lunga, sih. Sing betat sandal sing bisa dinggo maring kolah. Pertama tah mung pada nglothok tok. Laka tanda-tanda pan betat. Eh, ujug-ujug wingi pas pan dinggo malah betat. Betate sing ora bisa didandani nganggo temitih. Yen kaya sandal swallow kan biasane mung ucul atau tugel cangkolan sing nang ngisor dadine bisa didandani nganggo temitih. Sandale nyong tah tugel gel.


Padahal sandale enak dinggo. Ora lunyu. Yen nganggo kuwe kayong ora kuatir keplarak. Tapi ya pimen maning. Wis betat dadine ora bisa dinggo maning. Padahal kayane durung ana telung taun dinggone. Eh, apa wis telung taun yah? Saiki sandal sing biasane dinggo nggo metu-metu tak nggo maring kolah. Gemiyen rada lunyu dadine nyong rada wedi nganggo pas udan. Bara-bara saiki wis ora patia lunyu, dadine dinggo maring kolah ya ora kuatir. Wis sering kena sikile nyong ndean yah dadine melu-melu kasar kaya tlapakane nyong.

Saiki nyong dadi mikir, sandal, akale sing betat mung siji, sing tengen contone, sing kiwa ya dadi melu-melu ora bisa dinggo, ya. Kudu waras loro-lorone, kiwa tengen. Yen diumpamakna kaya apa, yah? Mbuh, ora kaya apa-apa, lah. Sungkan mikir.

Rabu, 03 April 2019

Crita 90-an

Yen maca artikel soal bocah 90-an nyong kadang mikir, salugune nyong mlebu bocah 90-an ora ya? Sing dianggep bocah 90-an kuwe sing lahir tahun 90-an apa sing pas 90-an esih bocah? Nyong tah ngaku bae, dudu lahir tahun 90-an. Tahun 90-an nyong antara pan mlebu TK nganti SMP. Berarti nyong mlebu bocah 90-an ora? Anggep bae mlebu lah, ya..

Jumat, 11 September 2015

Kuliah, Enak Ora?

Kuliah enak apa ora? Hahaha, kayong angel yah njawabe.

Ana enake ana orane, sih. Enake ya bisa sering balik. Yen nyambed gawe alias kerja nang Aceh, balike paling setahun mung pindo. Saiki barang kuliah kayong pan saben wulan balike. Kaulan. Terus enake ya bisa nambah ilmu. Yah, nambah setitik mbuh apa lah. Terus ketemu wong-wong anyar. Apa maning aku kuliahe dudu beasiswa instansine dewek, olih sing instansi liya. Dadine ya ketemu kancane dudu mung wong sa-instansi. Dadi krungu gosip sing instansi liya. Olih tugas ya bisa dolan-dolan maring kantore wong liya. Terus, barang kuliah dadi ganti suasana. Biasane esuk-esuk wis di-sms ditagih pegaweyan. Saiki tah laka sms tagihan kaya kue. Paling sms penipuan hadiah karo sms nawani utang.

Kamis, 13 Maret 2014

Basa Inggris



Aku lagi seneng nganggo Basa Inggris. Gara-gara lagi seneng genaunan Basa Inggris. Sapa ngerti olih bojo bule. Tuli, aku, ya lagi seneng nonton pilem barat dadine sokan ilon-ilon omongane wong sing nang pilem. Belih moni keminggris, ya. Mung kayonge enak bae nganggo basa kue. Luwih sopan rasane. Biasane nyong nganggo basa kue yen nggremeng dewek. Contone yen ngomong “bullshit”. Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak, dadine “tai kebo” atawa “tlepong”. Kayong njijeni nemen, oh, ya! Atawa yen ngomong “it doesn’t make sense”. Diterjemahna maring Basa Indonesia dadi “tidak masuk akal”. Esih enak, sih, dirungokna. Tapi, tetep luwih enak nganggo Basa Inggris. Kayong keren. Nah, yen nganggo Basa Jawa ngapak dadi ora keren babar blas. Dadine “ora mlebu ngutek”. Ora keren, kan, yen dirungokna? Atawa yen ngomong “I don’t give a damn”. Angger diterjemahna maring Basa Jawa ngapak biasa dadi “ora urusan” atawa “pan belih temen” atawa “mbuh bae”. Lah, yen diterjemahna maring Basa Jawa ngapak versi curanmor dadine “ora urusan, ora urunan, ora duwe duit”. Ora keren ora acan, lah.

Apa maning yen lagi dugal, pengin ngganyami uwong. Ngganyami uwong nganggo Basa Inggris kue rasane kayong luwih sopan, keren, tapi tetep bisa kasar. Pimen kue? Angger ana wong sing gemerah bae atawa kakehan cangkem, kari ngomong “shut up!!!”. Yen nganggo Basa Jawa dadi “mingkem!!!”. Kurang keren tur kurang kasar. Yen nganggo basa curanmoran pada bae karo ngomong “aja reang!!!”. Kiye, ya, kayong kurang galak. Tuli angger ana wong makha-makha, kari ngomong “what the hell are you doing?” Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak. Dadine “raimu lagi apa donge?” Kasar nemen, oh, ya?

Rabu, 28 Agustus 2013

Ponakan

Lagi liburan bada wingi aku balik maring Brebes. Pas kakange aku loro-lorone lagi nginep nang umah. Otomatis anak-anake ya pada nginep nang umah. Ponakanku ana telu, wadon loro, lanang siji. Sing lanang arane Umar. Esih cilik, embuh pirang wulan umure. Kayane tah durung ana nem wulan. Maklum, bulike klalenan dadi ya ora apal umure ponakane. Sing wadon loro, arane Mila karo Habibah. Mila umure wis patang taun, Habibah nembe rong taun.

Gemiyen tah aku seringe mung rudu karo si Mila. Si Mila seneng nemen ngurak-urak aku. Senenge ngomong, "Sana, Bulik pulang ke Aceh!" Nyong ya ora gelem kalah oh. Tak jawab bae, "Sana Mila pulang ke Siasem!" Umahe Mila kan nang Siasem. Yen lagi sentimen, aku nang ruang tamu diurak-urak, pindah maring kamar ya diurak-urak maning. Ngomonge, "Ini kamarnya Habibah!" Dumehe Habibah yen nginep turune nang kamar kue. Pokoke njelehi nemen lah ngger lagi nggara. Bocahe tah pinter, ngomonge ya wis canthas. Tapi, ya, kue... Ngger nggara kayong njelehi. Ngger aku lagi juwet ya tak omongi, "Yen pengin nangis kari nangis ka, ora usah luruh gara-gara." Hahaha, jahat nemen yah. Pimen maning yah. Aku kayong ora cocok ngemong bocah. Tuli si Mila ya ora kena dijak lunga-lunga. Dijak blanja tuku klambi maring Rita Mall be gegere ora umum. Njaluk balik bae padahal durung rampung blanjane. Yen dijak mandi bola tah ndean meneng, ora geger. Yah, arane be bocah cilik, ora betahan.

Rabu, 17 April 2013

Kulina Ngoko

Wingi aku olih sms sing nomere kakange aku. Basane nganggo basa kromo. Pancen dasare akune rada-rada mblunat, sms nganggo basa kromo yang diwalese nganggo basa ngoko. Padahal sing sms kakange, sing berarti luwih tuwa. Pimen maning, yah. Wis kulina awit cilik ngomong karo kakange nganggo basa ngoko, loken ujug-ujug pas sms nganggo basa kromo?

Tuli aku langsung mikir, "Aja-aja mau sing sms dudu kakange aku tapi bojone mulane basane kromo." Langsung tak sms maning nggo mastikna kuwe temenan sms-e kakange aku atawa bojone. Jebule pancen sms sing kakange aku.

Pancen angger wis kulina nganggo basa ngoko pan nganggo basa kromo kayong angel. Rasane wagu nemen. Padahal tah lagi sekolah SD nganti SMP diwarahi basa kromo. Tapi, ya, tetep bae aneh. Wong judule wis kulina. Aja maning karo kakange, wong karo Abah karo Ibu be seringe nganggo basa ngoko, ka. Yen ditakoni semaure "iya", "ora". Padahal wong-wong liyane yen ditakoni wong tua semaure "nggih" atawa "mboten". Paling ngger lagi bener pas ditakoni, "Wis mangan durung?" jawabe, "Sampun." Uwis, samono tok kromone. Bar kuwe ya ngoko maning.

Rabu, 30 Januari 2013

Markisane Mendhot

Minggu wingi aku balik maring Brebes. Jebule wit markisa nang umah lagi mendhot nemen. Lagi bada wingi, sing tak critakna nang postingan kiye, tah ora patiya mendhot. Uwohe akeh nemen. Nganti keder mangane. Kaligane malah ditawak-tawakna maring wong sing liwat. Abahe ya bolak-balik nawani tangga sing liwat ngarep umah.

Ora percaya? Keh, tak todokna wit markisa sing uwohe pating glantung


Nang ngarep umah ya ana sing pating glantung. Endep nemen. Yen pan ngempet yang kari nyawel tok. Kyeh gambare


Rabu, 05 Desember 2012

Jajan sing Wis Ora Ungsum

Yen dieling-eling, akeh jajan sing saiki wis ora ungsum. Lugune tah awit aku cilik ya wis ora ungsum, ning esih ana sing dodol. Tapi, saiki kayane wis laka sing dodol blas. Contone opak idu. Lagi aku SD ana sing dodol jajan kiye nang ngarep sekolahan. Sing dodol wis tuwa, nini-nini. Opak idu bentuke kaya krupuk persegi panjang, warnane yen ora salah abang karo kuning. Nggawene ya dudu digoreng tapi dibakar nganggo areng. Pas dibakar, opake dijepit nganggo pring sing tipis (pokoke kaya kuwe, lah). Sing maune cilik, yen dibakar langsung megar. Bocah-bocah tah gemiyen senenge njajal mbakar dewek. Yen aku njajal mbakar dewek biasane ora patia megar, rada-rada kisut. Tuli bisane diarani opak idu? Mbuh kuwe. Ndean tah karna yen opake diemut langsung lumer dadi idu. Kuwe tah ndeaaan... Rasane manis. Mbuh bahane nganggo apa. Yen dirasa-rasa tah kayane ana tepung ketane.

Jumat, 16 November 2012

Lagi Pengin Ngresula

Kaya kiye rasane nyambut gawe adoh sing umah, sadoan-doan. Gemiyen tah ora patia krasa nelangsa. Paling, ya, krasa nelangsa yen mikir pan balik. Sing Blangpidie kudu maring Medan ndisit numpak travel. Mending tah yen dalane kaya nang Jawa, lempengan. Nang kene dalane plegak-plegok, munggah mudhun, yen lagi ora sehat ya biasane gampang mabok. Kudu sangu kresek nggo jaga-jaga. Sing Medan maring Jakarta numpak pesawat. Ngko sing Bandara Soekarno-Hatta numpak DAMRI maring Gambir. Sing Gambir numpak ojek mbuh bajaj maring umahe kancane disit nggo istirahat. Esuke numpak sepur maring Brebes. Bisane tungkula istirahat ndhisit nang umahe kancane? Soale ya angel yen pan langsung numpak sepur. Pan numpak sepur sing jam sewelasan ora nyandhak. Angger pengin numpak sepur sing jam sewelasan, sing Medan kudu numpak pesawat sing mangkate Subuh. Padahal nyong anjog Medan sekitar jam enem atawa pitunan. Kuwe yen mobile cepet. Yen sopire wonge anter-anteran ya anjoge luwih awan maning. Yen pan numpak sepur sing bengi, suker pan numpak apa sing Stasiun Brebes maring umah. Anjog Stasiun Brebes wis jam sewelas, wis laka angkutan. Pan numpak becak ya rada-rada wedi. Wong umah laka sing bisa njemput.

Senin, 02 Juli 2012

Curanmor Edisi Mie Ayam

Nyong lagi seneng ngrungokna curanmor. Padahal, tah, kanca-kancane aku wis ribut curanmor awit jaman kuliah gemiyen. Tapi, nyong nembe ngrungokna curanmor tahun wingi. Jebule pancen lucu nemen. Ana sing ora patia lucu, sih. Tapi, ya, sekaline lucu bisa nggawe lara weteng. Akale sejen basane, soale curanmor nganggo basa Banyumasan, tapi tetep paham, lah, ceritane. Sing paling tak senengi sing Judule Mie Ayam, Tuker Kelamin, karo Kapal Belanda. Ora nggugu yen ceritane lucu? Kyeh! Rungokna dewek!
Aku sedang senang mendengarkan curanmor. Padahal teman-temanku sudah ribut curanmor sejak waktu kuliah dulu. Tapi, aku baru mendengarkan curanmor tahun lalu. Ternyata memang lucu sekali. Ada yang tidak terlalu lucu, sih. Tapi, ya, sekalinya lucu bisa membuat sakit perut. Meskipun beda bahasanya, karena curanmor menggunakan bahasa (dialek) Banyumasan, tapi tetap paham ceritanya. Yang paling kusukai judulnya Mie Ayam, Tukar Kelamin, dan Kapal Belanda. Tidak percaya kalau ceritanya lucu? Nih! Dengarkan sendiri!



Jumat, 22 Juni 2012

Mata Melek, Endhas Gundhul Diseriti!

Warning! Akeh istilah sing kurang sopan nang tulisan kiye.

"Mata melek, oh! Endhas gundhul diseriti!" jare ibune aku. Pancen yen aku lagi nggoleti barang terus jebule barange ana nang ngarepane aku dhewek langsung diomongi kaya kuwe. Endhas, eh, sirah gundhul yen diseriti pimen rasane? Pedes nemen, lah... Ledhes kabeh. Eh, ngko ndhisit. Pada ngarti serit belih? Kanca SMP-ku gemiyen ora pada ngarti, lho... Eram aku. Serit kuwe sejenis jungkat, garu, atawa Bahasa Indonesiane sisir, tapi rapet nemen. Biasane dinggo nggo nggoleti tuma. Kyeh, gambare:
Gmbar nyilih nang kene

Aku ilon-ilon ngomong kaya kuwe maring batire aku. Eh, pada ilon-ilon. Dadine ya istilah "mata-melek-oh-endhas-gundhul-diseriti" dadi terkenal.

Jumat, 16 Maret 2012

Dolanan Jaman Cilik

Lagi pengin nostalgia, lah. Yuh, kanda dolanan jaman gemiyen. Aku tah pan ngaku, lah. Gemiyen, ngger dolanan aku seringe dadi pupuk bawang. Soale ora bisanan. Dolanan yeye, ora tau nyandak. Wong dolanan yeye sa-PPO alias sa-wudel be sering mil, bolak-balik nyenggol karete. Mulane lagi SD tes lompat tinggi be kayonge mung bisa sangangpuluh. Ngger dolanan yeye, palingan nganggo jurus cacakan kena nggo muang. Kaya jajalan ngonong, lah! Tapi, yen ora mil, dianggep wis muang alias wis maen. Angger wis dhuwur ya mung mbonceng. Pimen carane mbonceng? Carane, bocah sing pinter dolanan yeye dikongkon muang ndisit, trus ngko karete ditarik mengisor ben bocah-bocah sing mbonceng bisa liwat. Dolanan sumpring luwih-luwih. Ora bisa babar blas! Sumpring, sih, apa? Kuwe, loh, sing kaya lompat tali. Nganggone karet gelang sing direnteng.

Sing lumayan bisa tah dolanan jangka. Patahe biasane nganggo pecahan gendheng atawa asbes. Yen ora ya pecahane ternit. Ngarti ternit belih? Belih ngarti? Mana sekolah ndisit ben ngarti! *awagan* Tapi saiki wis rada klalen. Ngger wis pol polan kue arane gunung apa dudu, yah? Kuwe, loh, sing ditulisi siji nganti lima apa sepuluh. Lah, angel critane.

Gara-gara Ngelih

Aku ngelih, sung! Lagi esuk ora sempet sarapan. Eh, kancane aku malah olih ngomong enak nemen, "Lagian dirimu dateng pagi bukannya beli sarapan dulu." Gawe enek nemen, sung! Genah lagi ngelih, lagi sewot, malah diganyami. Dingein panganan tah apa, kiye malah diganyami. Pengin ndupak nemen, sung! Nyetili nemen, lah, pokoke. Pengin ngomong, "Remu, tah, orang ngerti rasane. Ngko dong remu sing ngranapi nang luwih nlangsa lan luwih dugalan tinimbang aku." Kweh, ya! Sangkin dugale nganti ora ngundang koen maning tapi ngundange remu, singkatan sing 'raimu'. Kasar nemen, yah!

Sing arane wong ngelih kuwe gampang nemen dugal. Mulane, aja macem-macem karo wong sing lagi ngelih. Apa maning yen ngelihe wis stadium papat. Ngko aja-aja koen sing dipangan! Tapi aja watir. Aku tah ora doyan daging uwong, ora bakal mangan koen. Mending mangan ayam mbuh iwak.

 Lanjut maning ceritane, lah. Wis lagi esuk ora sempet sarapan, mau ya pan tuku cemilan ndilalah tokone wis pada tutup. Wonge pada Jum'atan. Lah, kayong tambah ngelih plus tambah dugal nemen. Pan mangan ora sida sida. Mau mung mangan jajan tok, warege ya mung sedelat.

Kena nggo pelajaran, lah. Mbesuk maning sing rada peduli karo wong liya. Ngger ana sing ngomong "ngelih" ya ditawani jajan mbuapa nggo ganjel weteng. Melas. Wong wis ngranapi dewek, ngelih kuwe ora enak.

Jumat, 17 Februari 2012

Ngapak, Bukti Nyong Ora Keminggris

Hmm, kayong wis lawas ora tau posting nganggo basa ngapak. Eh, nang blog kiye pancen durung tau ding. Nang blog kiye tah seringe nganggo basa Indonesia karo basa Inggris. Maklum bae, lah. Kayong angel pan posting nganggo basa ngapak. Sing maca, ya, mbuh-mbuh-an paham mbuh ora, hehehe...

Eh, ngomong-ngomong soal basa Inggris, aku dadi kelingan karo postingan pesbuke adek tingkatku. Bocahe gawe status kaya kiye, "Mas ada belt warna brown?" Sing dodol sabuk ora paham trus bocahe gawe status sing intine wonge kurang "pinter" gara-gara ora paham omongane adek tingkatku. Aku dadi mikir "Ngomong karo wong dodol sabuk be tungkula nganggo basa Inggris?" Pan ngomong sabuk be tungkula ngomong belt. Pang ngomong coklat be tungkula ngomong brown. Yen wonge ora paham ya macem. Sing ora macem kuwe sing tuku, onggrongan ngomong nganggo basa Inggris. Wong sing lulus kuliah be durung karuan paham basa Inggris, apa maning wong dagang sing biasane paling mung lulusan SMA? Nah, postingan kiye salah siji buktine yen aku ora keminggris, hahaha!