Laman

Jumat, 17 Februari 2012

Ngapak, Bukti Nyong Ora Keminggris

Hmm, kayong wis lawas ora tau posting nganggo basa ngapak. Eh, nang blog kiye pancen durung tau ding. Nang blog kiye tah seringe nganggo basa Indonesia karo basa Inggris. Maklum bae, lah. Kayong angel pan posting nganggo basa ngapak. Sing maca, ya, mbuh-mbuh-an paham mbuh ora, hehehe...

Eh, ngomong-ngomong soal basa Inggris, aku dadi kelingan karo postingan pesbuke adek tingkatku. Bocahe gawe status kaya kiye, "Mas ada belt warna brown?" Sing dodol sabuk ora paham trus bocahe gawe status sing intine wonge kurang "pinter" gara-gara ora paham omongane adek tingkatku. Aku dadi mikir "Ngomong karo wong dodol sabuk be tungkula nganggo basa Inggris?" Pan ngomong sabuk be tungkula ngomong belt. Pang ngomong coklat be tungkula ngomong brown. Yen wonge ora paham ya macem. Sing ora macem kuwe sing tuku, onggrongan ngomong nganggo basa Inggris. Wong sing lulus kuliah be durung karuan paham basa Inggris, apa maning wong dagang sing biasane paling mung lulusan SMA? Nah, postingan kiye salah siji buktine yen aku ora keminggris, hahaha!


Trus, aku dadi mikir maning, aja-aja ana wong sing nganggep aku keminter karo keminggris gara-gara gawe postingan nganggo basa Inggris. Dudu kaya kuwe, ya, Sedulur-sedulur! Aku nulis postingan nganggo basa Inggris kuwe niate nggo genaunan, blajaran, ben kosakatane awet, ora ilang gara-gara ora tau dinggo. Kaya kuwe, lho... Aja nganggep nyong keminggris, onggrongan atawa apa lah. Nyong ya rumangsa yen durung pinter basa bule kaya kuwe. Tuli, aku ya milih-milih yen pan ngomong nganggo basa bule, ndeleng sing dijak ngomong. Yen karo wong sing dodolan ponggol ya ora usah nganggo basa Inggris, cukup nganggo basa ngapak bae.

Lah, ngomong ponggol dadi pengin mangan ponggol keh. Wis lawas ora mangan ponggol, sega lengko, sega kuning, haduuuuuh... Kayong panganan wong Brebes Tegal pancen laka lawan. Enak, murah, ora nggawe kolesterol, pokoke mantep. Tuli dadi pengin nginung teh sing wasgitel (wangi, panas, sepet, legi, kentel). Juara nemen lah rasane!

Wis, aja kakehan ndopok masalah panganan. Ngko ilere ndrejes.

10 komentar:

  1. hidup ngapaaakkk,,,, ora ngapak ora kepenak lah ya.. aaaaahahh
    wetenge enek, ngakak maca postingan kiy yakin,, wkwkwk

    BalasHapus
    Balasan
    1. Dih, padahal niate ora nglawak sung, bisane ngguyu sih :p

      Hapus
  2. wkwkwkwkwkkkkk ganing pada bae jon ngapake kaya enyong..
    salam saduluran kyeh Q blogger tegal- tepate wong margasari pojoke kabupaten tegal

    BalasHapus
  3. walah. . .kok kek kiye kepriben iki?? wkwkwkwkwkwkwk

    BalasHapus
  4. yen e diganti adong mill. Mantab!

    BalasHapus
  5. @ AdhiPrimana.com: Salam ngapak, jon! Kapan-kapan nganakna kumpul blogger Bregas (Brebes, Tegal, Slawi), yuh!

    @ Kaito Kidd: Ckckck, malah nyampurin basa jawa wetanan sama ngapak :p

    @ Kie: Ngko wis nang postingan anyar, insya Alloh nganggo "adong".

    BalasHapus
  6. hayuhlah tapi ja kelalen dana penyelenggarane nggo duite koen yak..??? hahaaha

    BalasHapus
  7. Samikum..

    jan ora sranta yah nek ora karo bahasane dewek..
    ya ngapurane kiyeh nek bahasane inyong kurang di cerna..
    ja klalen dolan-dolan meng panggone nyong.. mengko tek sori wedanglah..
    hehehehhe

    BalasHapus

Silakan meninggalkan jejak berupa komentar sebagai tanda bahwa teman-teman sudah membaca tulisan ini.. Tapi, tolong jangan menggunakan identitas Anonim (Anonymous), ya.. Dan juga, tolong jangan nge-SPAM!!!