Dina Rebo winginen, dudu Rebo wingi ya, wingine maning, nyong maring pasar tuli weruh rambutan. Kayong wis lawas ora mangan rambutan. Minggu wingine wis mangan rujak rambutan sih, tapi kan sejen ya yen dirujak. Daripada anjog kosan elom ora tuku, nyong tuku rambutan sabengket (apa satalenan ya arane? pokoke sing ditaleni) karo gedang.
Lagi nang Aceh tah nyong biasa ngentekna rambutan sabengket dewekan. Yen kancane ngrewangi ya paling njukut setitik tok. Sing ngentekna paling akeh ya nyong. Biasane ya mung mencret. Berhubung minggu wingi nyong lagi nggragas, rambutan sabengket dientekna dewek. Laka batire ya dadine laka sing ngrewangi.
Sorene, mbuh ningapa, kayong pengin nginung kopi. Pas ndeleng nang gofood, ana sing promo, kayane beli satu dapat dua ngonong lah. Luruh sing paketan kopi siji tuli sing sijine nginungan liyane ka laka. Anane coklat karo teh apa mbuh, stroberi karo nginungan apa, tuli kopi susu loro (kayane mung sejen kadar susune). Ya wis. Wong nyong pengine nginung kopi ya dadine tuku sing paketan kopi susu loro.
Efek mangan rambutan mulai krasa. Mules. Mencret. Bar nginung kopi, mulese dadi ditambah enek. mangkane nginung kopine rong gelas. Mag-e kumat.
Esuke langsung krasa ora enak. Enek-e ora ilang-ilang. Padahal jadwale WFO. Daripada nang kantor mriang ora karuan, nyong ora mangkat. Jebule temenan mriang. Mencrete ora umum, nganti lemes. Awane awake ora enak nemen. Dadine digawa turu. Sadurunge turu nginung antangin ndisit. Alhamdulillaah bar digawa turu dadi mending rasane. Kari mencrete tok.
Bengine ditelpon mboke. Waleh bar mangan rambutan sabengket karo kopi rong gelas. Langsung dikandani ben aja nggugu promo. Pan ana promo murahe kayang apa, tukune siji bae. Ora usah tuku loro. Iya sih. Kopine loro, es maning. Mbesuk maning aja nggragas lah.
Tolong subtitle nya mbak....hehehe
BalasHapusGugel trenslet aja ya
Hapushaha greget baca tulisan ngapak, kalimatnya ikutan medhok dalam pikiran, karena saya juga ngapak garis keras hahaha
BalasHapusHalo, sedulur ngapak!
Hapus