Aku lagi seneng nganggo Basa Inggris. Gara-gara lagi seneng genaunan
Basa Inggris. Sapa ngerti olih bojo bule. Tuli, aku, ya lagi seneng nonton
pilem barat dadine sokan ilon-ilon omongane wong sing nang pilem. Belih moni
keminggris, ya. Mung kayonge enak bae nganggo basa kue. Luwih sopan rasane. Biasane
nyong nganggo basa kue yen nggremeng dewek. Contone yen ngomong “bullshit”.
Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak, dadine “tai kebo” atawa “tlepong”. Kayong
njijeni nemen, oh, ya! Atawa yen ngomong “it doesn’t make sense”. Diterjemahna
maring Basa Indonesia dadi “tidak masuk akal”. Esih enak, sih, dirungokna. Tapi,
tetep luwih enak nganggo Basa Inggris. Kayong keren. Nah, yen nganggo Basa Jawa
ngapak dadi ora keren babar blas. Dadine “ora mlebu ngutek”. Ora keren, kan, yen
dirungokna? Atawa yen ngomong “I don’t give a damn”. Angger diterjemahna maring
Basa Jawa ngapak biasa dadi “ora urusan” atawa “pan belih temen” atawa “mbuh
bae”. Lah, yen diterjemahna maring Basa Jawa ngapak versi curanmor dadine “ora
urusan, ora urunan, ora duwe duit”. Ora keren ora acan, lah.
Apa maning yen lagi dugal, pengin ngganyami uwong. Ngganyami uwong
nganggo Basa Inggris kue rasane kayong luwih sopan, keren, tapi tetep bisa
kasar. Pimen kue? Angger ana wong sing gemerah bae atawa kakehan cangkem, kari
ngomong “shut up!!!”. Yen nganggo Basa Jawa dadi “mingkem!!!”. Kurang keren tur
kurang kasar. Yen nganggo basa curanmoran pada bae karo ngomong “aja reang!!!”.
Kiye, ya, kayong kurang galak. Tuli angger ana wong makha-makha, kari ngomong “what
the hell are you doing?” Jajal yen nganggo Basa Jawa ngapak. Dadine “raimu lagi
apa donge?” Kasar nemen, oh, ya?